Syi'iran Tauhid By PP Nurul Yaqin Sememu Lumajang

 


Syi'iran Tauhid By PP Nurul Yaqin Sememu Lumajang
Cipt : Kyai Senejan Sugianto / Abah Nasibun Rohmad


 يَارَسُوْلَ اللهِ سَلَامٌ عَلَيْكَ ۰ يَارَفِيْعَ اْلشَّانِ وَاْلدَّرَجِ

 عَطْفَةً يَاجِيْرَةَ اْلعَلَمِ ۰ يَاأُهَيْلَ اْلجُوْدِ وَاْلكَرَمِ


1) Ngangge Asmane Allah kang Moho Siji
Ngangkat sak kabehe poro Nabi
Tur ngilhamaken dumateng Wali
Diserusake dining poro Kyai


2) Al-qur'an karim manjing ing dunyo
Tur dawuhe poro rosul iso dirasakno
Nyafa'ati umat sabendino
Ora kenek dibales kelawan dunyo


3) Duh poro dulur jok podo sembrono
Opo wis duwe sangu neng alam kono
Ayo seng seneng mareng Agomo
Ben lman lan Islame biso sempurno


4) Niyate nyembah kelawan gusti
Dimantepake jasate tembus neng ati
Ngelakoni tauhid iku seng mesti
Ibadahe sing khusuk ora pengen dipuji


5) Dzikir tauhid ayo sing suwe
Ugo ojo lali karo nyambut gawe
Tauhid niku sayang syareate
Atine iso bersih ora karepe dewe


6) Iman tauhid bersih atine
Kerono biso buktek ne dununge Imane
Urip sing langgeng duduk neng kene
Manungso seng sempurno ketemu asline


7) Islamm tauhid gedhe gudane
kang ongko siji fitnah ujiane
kang ongko loro anak lan bojone
kang ongko telu napsu lan dunyane


8) Kang ongko papat males tirakat
kang ongko limo mecah agomo
kang ongko enem rakuat digunem
kang ongko pitu seneng ngluyur lan metu


9) Umat nglakoni nyasar dalane
Nggole'i imane ketemu napsune
Iku kabeh krono karepe dewe
Soale ngedoh songko guru pembimbinge


10) Suargo Firdous kang paling bagus
Ning kono nikmat Allah seng mili terus
Nggole'i dalan, dalan seng lurus
Kangge ibadah e ra gelem mutus


11) Kusus rajane iman suargo Adnan
Kanggo umate nabi seng seneng rukuran
Awan lan wengi rumangsa aman
Ngumpul-ngumpul dulur rausah rasan-rasan


12) Suargo niku raono lawange
Namun di syarat shahadat kuncine
Isi suargo kangge sopo wae
Sing tebel imane lan bagus atine


13) Kang tansah muji ngersane gusti
Mukjizate nabı minongko bukti
Kelawari janji Allah kang moho siji
Ilmu tauhid iku kang mesti


14) Ilham ingkang suci mudun ning bumi
Nyempurnakno karomah'e poro Wali
Duh poro dulur jok nganti lali
Nggole'i dalan akherat sing ati-ati


15) Ojo sembrono olehe ngaji
Agomo islam agomo suci
Rahmate gusti Allah sangune mati
Sak kabehe umate, Allah kang ngelindungi


16) Niyate nyembah kelawan gusti
Nganggo tauhid Allah kang moho siji
Mumpung sek urep jok gelem rugi
Dawuhe kanjeng nabi seng sregep ngajine


17) Islam tauhid gedhe gudane
Iri kelawan dengki iku ujiane
Syetan-syetan skng nggudo anak lan bajone
Awan lan wengi abot karo dunyane


18) One sing syirik karo elmune
Dianggep agomo islam duwe'e dewe
Atine bingung kalah nyang nafsune
Sok ngegolno ilmune nggedekno fitnah'e


19) Umpomo bumi segoro dadi bukune
Ora cukup digawe gole'i ilmune
Mulane urep neng dungo jok karepe dewe
Kudu ngandelake iman tauhid e

Post a Comment

Lebih baru Lebih lama